close

Suwukan Jaran Kepang Lyrics & Chords By Jogja Hip Hop Foundation

LyricsView Chords

Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
e... jaran putih ngalor mlayune
kae... jaran abang ngidul mlayune
jaran kuning ngetan mlayune
Jaran ireng ngulon mlayune
sliramu sing nyekel pecute
jo malah kegeret playune jaran
aja padha keseret ngalor lan aja padha keseret ngidul
aja padha keseret ngetan lan aja padha keseret ngulon
sing mencit methithit
ngener marang langit
manunggal marang Pangeranmu
muliha menyang kandhangmu
yaiku keblat papat lima pancermu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
remmmm
jaranmu tansah merem
mung sliramu sing weruh ana ing tujuwe
jaranmu tansah luwe
mung sliramu sing weruh ana ing watessu
jaranmu tansah nepsu
mung sliramu sing weruh ana ing prelu
yen siro gelem diseret-eret jaranmu
ngkuwihi tujumu watesmu lan prelumu
sira bakal ora weruh ing tuju
ora weruh ing wates
ora weruh ing prelu
tujumu, watesmu, prelumu
yaiku tetelu, keblat bejane uripmu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
amek banyu apepikulan warih
jaranmu iku jaran banyu
aja numpak yen sliramu
durung weruh segering banyu
amek geni adedamaran
jaranmu iku jaran geni
aja numpak yen sliranmu
durung weruh padhanging geni
apa kang ginayuh ing wektu
bakal kasembadan yen sliramu
apepikulan segering ati
lan dedamaran padhanging budimu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
sang lindung leyang arane kepang
sang lindung kidang arane jaran
ajuju si wringin sungsang
kinubeng ing kumbala geni
pyur ilang dadi banyu puyih
wujurmd tunggal waluya jati
sira muliha nang negaramu
ing watu koyo iku
mutmainah jaran putihmu
lumepasna kekarepanmu
amarah jaran abangmu
singkirna angkara murkamu
supiyah jaran kuningmu
tebihna alane gegayuhanmu
aluamah jaran irengmu
luwarna srakahe wetengmu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
eeeee

Tracks related to suwukan jaran kepang - jogja hip hop foundation

narsis

by: saykoji

room

by: shaggydog

02 24 tahun

by: ebith beat a

atmosphere

by: steven & coconut treez

wong cilik

by: bossanova jawa

iklas

by: bossanova jawa

di sayidan

by: shaggydog

sorry

by: saykoji

ojolali

by: tony q rastafara

pamita

by: bossanova jawa

bocah ndeso

by: bossanova jawa

aku bukan nabi

by: tony q rastafara

honey

by: shaggydog

damailah surga

by: tony q rastafara

run

by: too phat

sahabat

by: batik tribe

jezzebelle

by: too phat

this is my way

by: tony q rastafara

bagaikan langit

by: steven & coconut treez

tanjung perak

by: bossanova jawa

gosip

by: shaggydog

curiosity

by: a. nayaka

si putih

by: tony q rastafara

flamboyan

by: superglad

frustasi

by: tipe-x

close
Sign in person Home A to Z All Artists Top Artists Top Tracks